Allah iku Maha kwasa song lyrics

Faith Score0
Faith Score0

Allah iku Maha kwasa song lyrics

 
1.Allah iku Maha kwasa, kang nitahken langit-bumi,
tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali-kali.
Yekti Allah Mahakwasa, yogya tansah pinuji puji
 
2.Kang kepareng ngabyantara anèng Padaleman Suci,
kang resik tangan wah manahnya, tan naté dosa ing lathi
Yéku tyang mursid sanyata, tansah setya dumugèng janji.
 
3.Berkahing Pangèran tumrah mring tyang ajrih-asih yekti,
gesang tansah tentrem-rahayu wit kaadilaning Gusti.
Kang tansah ngupadi Allah, kangen Gusti rina lan wengi.
 
4.Gapuraning Padaleman kangkata, mrih ombèr sèstu.
krana Sang Ratuning kamulyan kepareng tindak lumebu,
yéku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa, Allahmu.
 
Trip.com WW

Disclaimer: "The lyrics are the property and copyright of their original owners. The lyrics provided here are for personal and educational purposes only."

god medias
      Songs Fire
      Logo